Clock

Senin, 01 November 2010

GAMELAN

Filsafat gamelan minangka pralambang wujud karukunan awit gumalanging sewanten awit saking manunggaling sawetahing cacah pirantos gamelan.
Gamelan inggih pralambang tata krama, sopan santun lan unggah-ungguh.









Tuladhanipun:
1. Saru menawi nglangkahi gamelan.
2. Mungelaken gamelan prayogi sila utawi timpuh.
3. Mungelaken gamelan kedah (tumpak ninah) kalem.
4. Rasukan kedah sopan lan resik.
5. Wicara kedah tumata.
Gamelan kaperang dados titi laras:
1. Titi laras slendro (wirama asli jawi, hindu, budha).
2. Titi laras pelog (wirama akulturasi hindu, jawi, budha lan islam).
Perangan wirama gamelan:
1. Lancaran inggih punika gendhing-gendhing dasar kangge tiyang anyar.
Tuladha:
• Lancaran udan mas.
• Lancaran kebo giro.
• Lancaran kodok ngorek.
• Lancaran manyar sewu.
• Lancaran blendrong.
2. Lelagon dolanan
Tuladha:
• Suwe ora jamu.
• Cublak-cublak suweng.
3. Ketawang inggih punika gendhing-gendhingipun alus
Tuladha:
• Puspa giwang.
• Puspa warna.
• Suba kastawa.
• Ladrang mugi rahayu.

1 komentar:

princess mengatakan...

nice post good information...really a good one
www.entertainmenthits.com

Posting Komentar